Wewarah dari saudara sepuh Bp. Anggoro
WEWARAH / ULAR-ULAR
Bab-bab . Lampah-lampahipun tiyang mangudi “KAPRIBADI” puniko mekaten :
- Kedah wonten sederek ingkan nuntun, kedah wonten ingkang mernah-mernahaken lan kedah dipun sukani semerep, kados pundi cara-caranipun, kados pundi patrap-patrapipun lan kados pundi kunci-kuncinipun.
- Ingkan dipun wastani kunci inggih puniko, sarana lan patrap kados pundi supados sagetipun pinanggih lan pangandikan kaliyan SEJATINING PRIBADI utawi SEJATINING GURU ingkang wonten ing guwo garba panjenengan piyambak.Senajan anggen panjenengan bahde saget pangadikan kaliyan SEJATINING GURU puniko, kedah sarang pangadikan langkung rumiyin dating sederek panjenengan 4 perkawis.(Anasir salebeting badan)ingkang dipun wastani pengasuh 4 ingkang gadah watak lan warni piyambak-piyambak.
- Wondeni nami-nami lan watak-watak ing sederek sekawan puniko kados mekaten: jroning badan puniko wonten prabot-prabot ingkang ginaaken ponco idro inggih puniko :
|
NO |
NAMI ISLAM |
NAMI KAPRIBADEN |
DUNUNGIPUN |
RUPI |
PANCO INDRO |
|
1 |
ALUAMAH Nafsu pepenginan pangan |
Manuraga |
Watak |
Ireng |
TUTUK |
|
2 |
AMARAH Nafsu pepenginan kamurkan |
Maradewa |
Amperu |
Abrit |
KARNA |
|
3 |
SUPIYAH Nafsu pepenginan barang-barang kadonyan |
Manoragada |
Limpa |
Kuning |
NETRA |
|
|
MUTMAINAH Nafsu dhateng Welas Asih/tarak brata |
Manarawa |
Balung |
Putih |
GRANA |
Kados ingkang kasebat ing daftar nginggil puniko nami watak lan panggenan saha wujud lan panca indranipun sadherek panjenengan 4 cacahipun ingkang badhe dados pengasuh pribadi panjenengan. Menawi panjenengan sampun lulut lan kulino,saged pangankan dateng sadherek panjenengan sekawan , lajeng dipun paringi wewarah-wewarah, piwulang-piwulang ingkang tumuju dhateng kasaenan lan kasampurnaan.Semanten ugi menawi panjenengan sampun pikantuk piwulang kathah-kathah saking saderek panjenengan sekawan cacahipun kasebat ing nginggil gantos-gumanthos, nembe panjenengan badhe pinanggih lan saget pangandikan dateng SEJATINING PRIBADI utawi SEJATINING GURU.
Guru sejati puniko ingkang badhe paring piwulang-piwulang dhateng panjenengan ingkan mboten owah gingsir. Inggih piwulang bab kasampurnaan lan kapribaden. Sampurnaning urip, Sapurnaning pati lan Sampurnaning Raos Kapribaden, lan sanes-sanes piwulang ingkang tumuju dhateng kasaenan lan kamanusiaan. Pramilo ingkang jejer dados GURU inggih panjenengan piyambak inggih puniko GURU SEJATI ingkang wonten guwagarba panjenengan.Wondene saderek utawi tiyang ingkan nuntun lan ingkang nedah-nedah aken cara-cara lan kunci-kunci badhe pangandikan kaliyan sedherek 4 lan Sejatining Guru kados kasebat ing nginggil puniko mboten kenging dipun anggep utawi dipun sebat GURU, WIKU utawi PANDITA, Nanging naming jejer Saderek sepuh.utawi sesepuh.sebab saderek utawi tiayang puniko ingkang mangertosi kunci-kunci dan patrap-patrapipun Kapribadenkala wau., Pramilo wajig dipin sebab Sesepuh, Nanging sanes guru.
- Pawitane tiyang badhe ngudi KAPRIBADEN puniko :
- Kedhah pitados dhateng diri pribadi
- Kedhah pitados dhateng ingkang murbeng jagad
- Kedah pitados dhateng sukmo sejati
Kanti sangu kapribaden tigang perkawis kasebat ing nginggil, lan dipun lambari sabar, tawakal, temen lan mantep, panjenengan tente badhe enggal saged kadunungan punapa ingkang dados tujuan lan panggayuh, inggih puniko saged mangerteni lan saged pangandikan dhateng “SUKMO SEJATI” utawi “ GURU SEJATI”.
- Menawi panjenegan sampun saged pangandikan dating Sejatining Guru, panjengan mboten kengen salin slaga, kumingsun lan ngedel-endelake dhateng kapribaden panjengan puniko. Semanten ugi panjenengan kedah nilarake dhateng sifat-sifat lan watak-watak :
- pamer
- bener
- dleder
Malah panjenengan kedah soyo temen lan tumemen ngudi amrih sampurnaning Kapribaden Panjenengan, panjenengan kedah purun kanthi iklas ngamalaken kawruh kapribaden panjenegan kange kepentingan kemanusiaan, sepi ing pamrih lan mboten kenging nedha imbalan jasa awujud punopo kemawon.
Wewarahing Gaib ingkang alelantaran Guru sejati utawi Sukmo Sejati mboten kenging kangge makarti ingkang gadah tujuan awon, jahat, lelemeran, ugal-ugalan, coban-coban lan brangasan, nanging kedah kangge makarti ingkang gadah tujuan dhateng kebecikan, kaluhuran, karahayon, keslametan, kesucian,kesudarman lan kamanungsan, kangge anyengkuyung adeg jejeging Pemerintah lan Negari Republik Indonesia, tumusipun dhateng HAMEMAYU HAYUNG JAGAD.
Gandhengipun dhateng adeging wadhah Paguyuban Kulowargo Kapribaden puniko kulo saget nayogyani lan mangayubagyo, sebab kanti wontenipun wadhah kulowargo kapribaden puniko ateges bilih panjenengan sadoyo para penaganut kawruh Kapribaden badhe sak iyek sakeko kapti mlebet dateng satunggaling wadah kanti tujuan : Kerukunan lan Persatuan.
Ingkang ateges rukun lan bersatu, ngudi sampurnaning Kapribaden lan sesarengan ngamalaken kawruh kapribaden puniko kangge kepentingan nusa lan bangsa, masyarakat lan Pemerintah Republik Indonesia, menuju dhateng Hidup Rukun Gotong Royong – Gemah Ripah Loh Jinawi
Nuwun
Solo, tanggal 31 Agustus 1975
Pangayoman,
(ANGGORO)

Bagaimana langkah kita untuk bisa berkomunikasi dengan saudara kita pada diri kitaa
anda harus mempunyai kunci dan ada yang menuntunnya……untuk yang memberi kunci dan yang menuntunya adalh saudara tua yang telah mempunyai kuncinya, di sini tidak ada guru karena gurunya adalah kita sendiri